Klik x untuk menutup hasil pencarianCari di situs SABDASpace

tak lelo... lelo lelo ledhung...

udalama's picture
 

 

AWAL DAN AKHIR
“BAYOE”
 
tak lelo... lelo lelo ledhung...
CUP menengo NGGER, anakku BAGOES Lan AYOE...
ojo nangis wae, mundhak bapak BINGUNG...
tak EMBAN nganggo SLENDANG KAWUNG.
 
 
 
LINTANG su’mebar’ing LANGIT, pating GELEBYAR,
ora ono mego’o, ora ono mendhung,
REMBULANE ngeglo’o, sa’nduwure gunung
sa saat ratu SINIWOKO, grapon sewu podho SEBO.
 
 
 
tak lelo... lelo lelo ledhung...
CUP menengo NGGER, anakku BAGOES Lan AYOE...
ojo nangis wae, mundhak bapak BINGUNG...
tak EMBAN nganggo SLENDANG KAWUNG.
 
 
 
doro dami biru,
duwe mripat sajodho koyo SIPAT,
sadelo maneh, sadelo maneh,
bakal diwenehi BUNTUT moto-moto kang NYOROT,
mbalek'ake LintanG-LintanG marang ROMO.
 
 
alap-alap MATRAMAN,
ROMO wis mireng ATImu,
asmamu bakal diresik'i,
dibalek'ake ono panggonane,
ATIne alap-alap MATRAMAN,
agawe ATIne NUSWANTARA dadi AYEM TENTREM.
 
 
kebo JOWO mripate abang,
ora'sah nangis maneh,
GINCU'ne kanggo lambemu,
asma'ne bapa'mu ono ATI'ne ROMO.
sing nyoblos-nyoblos awak'mu,
ora doro dami biru.
ben kowe KATON ayu,
GINCU 'ne kanggo lambemu.
ora'sah lenga-lengo NGIWO-NENGEN,
ayem-ayemke ATI-ATI'mu,
lurus'ake wae DALAN'mu,
abang’e mripatmu BAKAL dipulih’ake.
 
 
 
tak lelo... lelo lelo ledhung...
CUP menengo NGGER, anakku BAGOES Lan AYOE...
ojo nangis wae, mundhak bapak BINGUNG...
tak EMBAN nganggo SLENDANG KAWUNG.
 
 
 
CELENG… CELENG…
CELENG iku MATANE cilang-cileng,
senenge NYOLONG lan NYOLENG,
CELENGAN-CELENGAN’E negari,
sing DICOLONG lan DICOLENG celeng,
MESTHI kudhu dibalekake CELENG –CELENG.
CELENG-CELENG kuwi…
kudhu dibaleake ing alas ro BAN karo mikul beBAN.
supoyo NGERTI KAREPE SEJATINE ROMO.
 
 
 
tak lelo... lelo lelo ledhung...
CUP menengo NGGER, anakku BAGOES Lan AYOE...
ojo nangis wae, mundhak bapak BINGUNG...
tak EMBAN nganggo SLENDANG KAWUNG.
 
 
 
SETRIKO kanggo nyetriko……
Nyetriko KACHU ben ora Lencu.
LINGGIS kanggo NDHUDHUK,
kanggo NANDUR pathok-pathok,
TANAH-TANAH WARISAN LELUHUR.
 
 
 
tak lelo... lelo lelo ledhung...
CUP menengo NGGER, anakku BAGOES Lan AYOE...
ojo nangis wae, mundhak bapak BINGUNG...
tak EMBAN nganggo SLENDANG KAWUNG.
 
“BAYOE”
AWAL DAN AKHIR